Kamis, 16 April 2015

Numindaki Pengawas Ujian Nasional 2015

ujian nasional 2015 wus rampung. kaya tahun-tahun sakdurunge, aku uga ngemban tugas dadi pengawas silang ning sekolah liya. Alhamdulilah, saben tahun dadi pengawas, uga saben tahun ganti sekolah sing kudu diparani. nate pirang tahun ora dadi pengawas amarga nembe ngangsu kawruh ning surabaya lan ning bandung. tahun iki aku ngemban pengawas ing smk veteran semarang. kaya lumrahe durung ngerti papan panggon, bingung nggolek dumuninging sekolah iki. daftar papaning sekolah saka dinas pendidikan beda karo daftar saka dapodik. tujokna bisa dikonfirmasi marang kepala sekolahe, lan sing bener data saka dapodik. enggal-enggal survey mrana supaya tekan dinane ora bingung lan sing mesti aja nganti telat wandine numindaki pengawas. tekane dina ujian nasional, tabuh setengah pitu esuk wus tekan sekolah. ngomong ngalor ngidul gothak gathik mrana mrene, lan wungkasane nakokke cacahe ruangan sing mbutuhke pengawas. neng kene iki surprise. jebule namung ana 3 siswa sing melu ujian nasional ing tahun iki. neruske ngobrol aku nembe ngerti yen sekolah iki memang nduwe siswa ora akeh, ora nganti 20 siswa saksekolah. Subhanallah, ora rembug dhawa, siswa sing melu ujian mesthi siswa sing pancet kuat niat lan tekad. guru kudu tut wuri handayani. patang dina ngawasi, Alhamdulilah lancar, kabeh bisa dilakoni kanthi slamet. ujian rampung kari nunggu pengumuman sinambi golek" karya. muga lulus saka ujian, mugi Gusti maringi berkah ing dalane.

Rabu, 01 April 2015

Ana Dina, Ana Tela

"ana dina ana sega". bebasan kuwi digetoktularke turun temurun marang sapa wae, uga marang aku. bebasan sing ateges rizki pangan sing paling aji nalika semana awujud sega. bisa nyuguhake sega negeske awake dhewe nembe diparingi rizki kang aji saka Gusti. rizki kang kudu disyukuri. amarga kuwi saben slametan sega dadi pangan utama. nalika semana saben dina bisa mangan sega nanging dudu sega beras. anane sega jagung. ora kabeh kanca doyan sega jagung merga seret, ora enak, marakke kembung lan alesan liyane. bocah-bocah cilik nembangke "ning nang ning gung pak bayan, sega jagung ora doyan, iwak itik enake, ditubruk dingklik, aduh mak'e". yen ora ana sega jagung, bahan pangan bisa arupa tela rambat lan tela pohung utawa bodin. yen basa populere sinebut singkong. paling gampang dibakar utawa digodog, wus bisa disugatake dadi pangan utama utawa pacitan. merga pohung ora bisa disimpen suwi, pohung diolah garing lan dadi gaplek. gaplek disimpen kanggo bahan pangan nganti wayah panen maneh. gaplek disimpen dhewe-dhewe saben kaluwarga. amarga kuwi ora ana sing jenenge lumbung gaplek. beras dadi bahan pangan pokok. program intensfikasi lan ekstensifikasi pangan negeske target panen beras sing bisa nyukupi butuhing warga. beras wus ora kudu dadi barang aji. beras bisa dituku murah. mangan sega beras ora kudu ngenteni bakda lan slametan. saben dina ana beras, saben dina bisa mangan sega beras. mula ana bebasan "yen durung mangan sega diarani durung mangan". ndilalah. ana mangsa panen beras ora nyukupi butuh. warga sing butuh mangan beras saya akeh malah wus tekan ngragas. jare butuhe beras warga kene siji setengah nganti pindone butuhe warga negara liya. umpama negara liya nyukupke mangan beras segelas sedina, awake dhewe njaluk rong gelas saben dinane. bali maneh marang tela lan pohung. jagung, tela rambat lan pohung taksih pirang-pirang. program pangan alternatif digelar. mangan ora kudu sega beras. jagung, tela rambat lan pohung diolah dadi pangan werna-werna. bisa dadi sumber karbohidrat liyane beras. malah wis ana kutha lan provinsi wis nyanangake "hari tanpa beras" ngajak warga hemat beras lan ngganti kebutuhan beras nganggo bahan pangan liyane. pohung wis ora mung dadi klangenan, bisa disugatake ing acara-acara resmi. wis ora usah isin, mangan tiwul, jagung, pohung lan tela. bisa uga besoke ana bebasan "ana dina, ana tela".

Jumat, 11 Februari 2011

Piwulang

Kawit mbiyen, wong jawa asring maringi piwulang-piwulang luhur kanggo putra-putra, nggula mentah siaping ing kahanan donya. Punika sebagian piwulang luhur tiyang jawi:

1. Urip Iku Urup (Hidup itu Nyala, Hidup itu hendaknya memberi manfaat bagi orang lain disekitar kita, semakin besar manfaat yang bisa kita berikan tentu akan lebih baik)

2. Memayu Hayuning Bawono, Ambrasto dur Hangkoro (Manusia hidup di dunia harus mengusahakan keselamatan, kebahagiaan dan kesejahteraan; serta memberantas sifat angkara murka, serakah dan tamak).

3. Suro Diro Joyoningrat, Lebur Dening Pangastuti (segala sifat keras hati, picik, angkara murka, hanya bisa dikalahkan dengan sikap bijak, lembut hati dan sabar)

4. Ngluruk Tanpo Bolo, Menang Tanpo Ngasorake, Sekti Tanpo Aji-Aji, Sugih Tanpo Bondho (Berjuang tanpa perlu membawa massa; Menang tanpa merendahkan atau mempermalukan; Berwibawa tanpa mengandalkan kekuasaan, kekuatan; kekayaan atau keturunan; Kaya tanpa didasari kebendaan)

5. Dasan Serik Lamun Ketaman, Dasan Susah Lamun Kelangan (Jangan gampang sakit hati manakala musibahmenimpa diri; Jangan sedih manakala kehilangan sesuatu).

6. Aja Gumunan, Aja Getunan, Ojo Kagetan, Ojo Aleman (Jangan mudah terheran-heran; Jangan mudah menyesal; Jangan mudah terkejut-kejut; Jangan mudah kolokan atau manja).

7. Ojo Ketungkul Marang Kalungguhan, Kadunian lan Kemareman (Janganlah terobsesi atau terkungkung oleh keinginan untuk memperoleh kedudukan, kebendaan dan kepuasan duniawi).

8. Ojo Kuminter Mundak Keblinger, Ojo Cidra Mundak Ciloko (Jangan merasa paling pandai agar tidak salah arah;Jangan suka berbuat curang agar tidak celaka).

9. Ojo Milik Barang Kang Melok, Aja Mangro Mundak Kendo (Jangan tergiur oleh hal-hal yang tampak mewah, cantik, indah; Jangan berfikir mendua agar tidak kendor niat dan kendor semangat).

10. Ojo Adigang, Adigung, Adiguna (Jangan sok kuasa, sok besar, sok sakti).

Kamis, 07 Januari 2010

Ganti webmail

Nalika niliki email sing biasa tak-nggo, ana woro-woro saka co.cc bilih domainku wis kadaluarsa. Banjur aku ora bisa ngganggo URL : mail.joesti.co.cc sing saben dina tak-nggo urusan email. Terus aku kudu nganggo alamat sing rada dhawa, mail.google.com/a/joesti.co.cc. Nganggo iki urusan email wis rampung, mung sing dadi gumunku kok ya isa expired ya? Mangka aku ora nganggo domain kuwi. Mestine ana sing nganggo domain web, nanging aku nganggo domain mail. Mestine co.cc nganggep sing nganggo jeneng "joesti" padha person-ne, jebule bedha. :)

Senin, 16 November 2009

Diklat ing Malang Okt 09

Kawit tanggal 26 Oktober 2009, aku melu pelatihan ing VEDC Malang. Pisan ini melu program "Master Teacher" sing bakal dadi gurune guru ing saubenge papan sekolah dewe-dewe. Ana 10 guru sing nderek pelatihan iki, yeku saka Pangkalpinang, Pekanbaru, Palangkaraya, Karawang, Cimahi, Surabaya, Jember, Ternate, Jakarta lan Semarang. Ing pelatihan iki, kelasku diwulang nggawe program sing bakal dilakokake ing mobile (HP). Merga kabeh peserta iku guru, program mobile sing bakal digawe uga bakal dinggo sinau ing kelas. Baha kerenne "Media Belajar Berbasis Mobile". Hayo wis dadi durung programme?

Kamis, 07 Mei 2009

Pawongan Luhur

"Really big people are, above everything else, courteous, considerate and generous - not just to some people in some circumstances - but to everyone all the time."

Pawongan kang nyata-nyata luhur kuwi, cirine kang paling utama:

nduweni tepa selira,
luhur bebudene lan dhemen peparing;
ora mung marang wong-wong tertemtu lan ing kahanan tertemtu,
nanging karo sapa bae ing saben wektu.

Thomas J. Watson
1874-1956, Pangripta (Founder of) IBM

Rabu, 06 Mei 2009

Pindah Domain

Tidak terasa sudah cukup lama aku menggunakan domain co.cc dengan weblog pjoesti.co.cc. Sampai akhirnya batas waktu gratisannya sudah hampir habis. Untuk mengatasi itu, layanan domain aku pindahkan ke joesti.co.tv. Konten yang selama ini tersaji di www.pjoesti.co.cc, sekarang pindah ke joesti.co.tv. Pokoknya jadi musafir gratisan dah.