Kamis, 16 April 2015

Numindaki Pengawas Ujian Nasional 2015

ujian nasional 2015 wus rampung. kaya tahun-tahun sakdurunge, aku uga ngemban tugas dadi pengawas silang ning sekolah liya. Alhamdulilah, saben tahun dadi pengawas, uga saben tahun ganti sekolah sing kudu diparani. nate pirang tahun ora dadi pengawas amarga nembe ngangsu kawruh ning surabaya lan ning bandung. tahun iki aku ngemban pengawas ing smk veteran semarang. kaya lumrahe durung ngerti papan panggon, bingung nggolek dumuninging sekolah iki. daftar papaning sekolah saka dinas pendidikan beda karo daftar saka dapodik. tujokna bisa dikonfirmasi marang kepala sekolahe, lan sing bener data saka dapodik. enggal-enggal survey mrana supaya tekan dinane ora bingung lan sing mesti aja nganti telat wandine numindaki pengawas. tekane dina ujian nasional, tabuh setengah pitu esuk wus tekan sekolah. ngomong ngalor ngidul gothak gathik mrana mrene, lan wungkasane nakokke cacahe ruangan sing mbutuhke pengawas. neng kene iki surprise. jebule namung ana 3 siswa sing melu ujian nasional ing tahun iki. neruske ngobrol aku nembe ngerti yen sekolah iki memang nduwe siswa ora akeh, ora nganti 20 siswa saksekolah. Subhanallah, ora rembug dhawa, siswa sing melu ujian mesthi siswa sing pancet kuat niat lan tekad. guru kudu tut wuri handayani. patang dina ngawasi, Alhamdulilah lancar, kabeh bisa dilakoni kanthi slamet. ujian rampung kari nunggu pengumuman sinambi golek" karya. muga lulus saka ujian, mugi Gusti maringi berkah ing dalane.

Rabu, 01 April 2015

Ana Dina, Ana Tela

"ana dina ana sega". bebasan kuwi digetoktularke turun temurun marang sapa wae, uga marang aku. bebasan sing ateges rizki pangan sing paling aji nalika semana awujud sega. bisa nyuguhake sega negeske awake dhewe nembe diparingi rizki kang aji saka Gusti. rizki kang kudu disyukuri. amarga kuwi saben slametan sega dadi pangan utama. nalika semana saben dina bisa mangan sega nanging dudu sega beras. anane sega jagung. ora kabeh kanca doyan sega jagung merga seret, ora enak, marakke kembung lan alesan liyane. bocah-bocah cilik nembangke "ning nang ning gung pak bayan, sega jagung ora doyan, iwak itik enake, ditubruk dingklik, aduh mak'e". yen ora ana sega jagung, bahan pangan bisa arupa tela rambat lan tela pohung utawa bodin. yen basa populere sinebut singkong. paling gampang dibakar utawa digodog, wus bisa disugatake dadi pangan utama utawa pacitan. merga pohung ora bisa disimpen suwi, pohung diolah garing lan dadi gaplek. gaplek disimpen kanggo bahan pangan nganti wayah panen maneh. gaplek disimpen dhewe-dhewe saben kaluwarga. amarga kuwi ora ana sing jenenge lumbung gaplek. beras dadi bahan pangan pokok. program intensfikasi lan ekstensifikasi pangan negeske target panen beras sing bisa nyukupi butuhing warga. beras wus ora kudu dadi barang aji. beras bisa dituku murah. mangan sega beras ora kudu ngenteni bakda lan slametan. saben dina ana beras, saben dina bisa mangan sega beras. mula ana bebasan "yen durung mangan sega diarani durung mangan". ndilalah. ana mangsa panen beras ora nyukupi butuh. warga sing butuh mangan beras saya akeh malah wus tekan ngragas. jare butuhe beras warga kene siji setengah nganti pindone butuhe warga negara liya. umpama negara liya nyukupke mangan beras segelas sedina, awake dhewe njaluk rong gelas saben dinane. bali maneh marang tela lan pohung. jagung, tela rambat lan pohung taksih pirang-pirang. program pangan alternatif digelar. mangan ora kudu sega beras. jagung, tela rambat lan pohung diolah dadi pangan werna-werna. bisa dadi sumber karbohidrat liyane beras. malah wis ana kutha lan provinsi wis nyanangake "hari tanpa beras" ngajak warga hemat beras lan ngganti kebutuhan beras nganggo bahan pangan liyane. pohung wis ora mung dadi klangenan, bisa disugatake ing acara-acara resmi. wis ora usah isin, mangan tiwul, jagung, pohung lan tela. bisa uga besoke ana bebasan "ana dina, ana tela".