Rabu, 01 April 2015

Ana Dina, Ana Tela

"ana dina ana sega". bebasan kuwi digetoktularke turun temurun marang sapa wae, uga marang aku. bebasan sing ateges rizki pangan sing paling aji nalika semana awujud sega. bisa nyuguhake sega negeske awake dhewe nembe diparingi rizki kang aji saka Gusti. rizki kang kudu disyukuri. amarga kuwi saben slametan sega dadi pangan utama. nalika semana saben dina bisa mangan sega nanging dudu sega beras. anane sega jagung. ora kabeh kanca doyan sega jagung merga seret, ora enak, marakke kembung lan alesan liyane. bocah-bocah cilik nembangke "ning nang ning gung pak bayan, sega jagung ora doyan, iwak itik enake, ditubruk dingklik, aduh mak'e". yen ora ana sega jagung, bahan pangan bisa arupa tela rambat lan tela pohung utawa bodin. yen basa populere sinebut singkong. paling gampang dibakar utawa digodog, wus bisa disugatake dadi pangan utama utawa pacitan. merga pohung ora bisa disimpen suwi, pohung diolah garing lan dadi gaplek. gaplek disimpen kanggo bahan pangan nganti wayah panen maneh. gaplek disimpen dhewe-dhewe saben kaluwarga. amarga kuwi ora ana sing jenenge lumbung gaplek. beras dadi bahan pangan pokok. program intensfikasi lan ekstensifikasi pangan negeske target panen beras sing bisa nyukupi butuhing warga. beras wus ora kudu dadi barang aji. beras bisa dituku murah. mangan sega beras ora kudu ngenteni bakda lan slametan. saben dina ana beras, saben dina bisa mangan sega beras. mula ana bebasan "yen durung mangan sega diarani durung mangan". ndilalah. ana mangsa panen beras ora nyukupi butuh. warga sing butuh mangan beras saya akeh malah wus tekan ngragas. jare butuhe beras warga kene siji setengah nganti pindone butuhe warga negara liya. umpama negara liya nyukupke mangan beras segelas sedina, awake dhewe njaluk rong gelas saben dinane. bali maneh marang tela lan pohung. jagung, tela rambat lan pohung taksih pirang-pirang. program pangan alternatif digelar. mangan ora kudu sega beras. jagung, tela rambat lan pohung diolah dadi pangan werna-werna. bisa dadi sumber karbohidrat liyane beras. malah wis ana kutha lan provinsi wis nyanangake "hari tanpa beras" ngajak warga hemat beras lan ngganti kebutuhan beras nganggo bahan pangan liyane. pohung wis ora mung dadi klangenan, bisa disugatake ing acara-acara resmi. wis ora usah isin, mangan tiwul, jagung, pohung lan tela. bisa uga besoke ana bebasan "ana dina, ana tela".

Tidak ada komentar: