Senin, 16 November 2009

Diklat ing Malang Okt 09

Kawit tanggal 26 Oktober 2009, aku melu pelatihan ing VEDC Malang. Pisan ini melu program "Master Teacher" sing bakal dadi gurune guru ing saubenge papan sekolah dewe-dewe. Ana 10 guru sing nderek pelatihan iki, yeku saka Pangkalpinang, Pekanbaru, Palangkaraya, Karawang, Cimahi, Surabaya, Jember, Ternate, Jakarta lan Semarang. Ing pelatihan iki, kelasku diwulang nggawe program sing bakal dilakokake ing mobile (HP). Merga kabeh peserta iku guru, program mobile sing bakal digawe uga bakal dinggo sinau ing kelas. Baha kerenne "Media Belajar Berbasis Mobile". Hayo wis dadi durung programme?

Kamis, 07 Mei 2009

Pawongan Luhur

"Really big people are, above everything else, courteous, considerate and generous - not just to some people in some circumstances - but to everyone all the time."

Pawongan kang nyata-nyata luhur kuwi, cirine kang paling utama:

nduweni tepa selira,
luhur bebudene lan dhemen peparing;
ora mung marang wong-wong tertemtu lan ing kahanan tertemtu,
nanging karo sapa bae ing saben wektu.

Thomas J. Watson
1874-1956, Pangripta (Founder of) IBM

Rabu, 06 Mei 2009

Pindah Domain

Tidak terasa sudah cukup lama aku menggunakan domain co.cc dengan weblog pjoesti.co.cc. Sampai akhirnya batas waktu gratisannya sudah hampir habis. Untuk mengatasi itu, layanan domain aku pindahkan ke joesti.co.tv. Konten yang selama ini tersaji di www.pjoesti.co.cc, sekarang pindah ke joesti.co.tv. Pokoknya jadi musafir gratisan dah.

Senin, 27 April 2009

Dandang Gula

Sebuah tembang macapat bertajuk Dandang Gula yang ditulis oleh Sunan Kalijaga. Tembang ini dinyanyikan orang tua sebagai perwujudan doa kepada anak-anaknya, terutama anak-anak yang baru lahir.

Ana kidung rumeksa ing wengi
teguh ayu luputa ing lara
kalisa bilahi kabeh
jim setan datan purun
paneluhan tan ana wani
miwah panggawe ala
gunaning wong luput
agni patemahan tirta
maling adoh tan ana ngarah mring mami
tuju dudu pan sirna


Ada nyanyian menjaga malam
aman sentosa jauh dari penyakit
tidak terkena segala penderitaan
jin dan setan tidak ada yang mengganggu
ilmu teluh pun tidak ada yang berani mendekat
dan semua perbuatan jahat
guna-guna dari orang yang salah
api menjadi cair
pencuri jauh tidak ada yang mendekatiku
maksud jahat akan musnah

Dikutip dari Kuntowijoyo, Mantra Pejinak Ular

Rabu, 15 April 2009

Suwe Banget

Jebul wis suwe ora ngakses blog iki.Pirang-pirang sasi je.Kebiasaan ngisine ing wordpress, sing nin blogger pijer lali ditiliki, apa maneh diisi maneh. Lan uga ndilalah ide-ide nulis uga akeh keli, mbuh menyang ngendi. Luwih gampang nulis liyane ya ora,lha wis.