Kutha Semarang kagungan damel ageng ingkang dipun asmani "Semarang Pesona Asia". Damelan punika diwiwiti tanggal 10 Agustus kepengker lan badhe purna tanggal 15 Agustus. Sawijining sarana ingkang disiyagake kagem Semarang Pesona Asia inggih punika Media Center, salah sijine digarap ing sekolahku. 10 PC, hotspot, fax lan ubarampe liyane uga wus sumadya.
Lamun sing gawe gumunku kok mboten kathah sing kersa ngrawuhi media center, boro-boro turis asing, sing lokal mawon siji-siji. Lan gumunne maneh, air conditioner sing dipasang nalika pembukaan, sesuk dinane wus dicabut jare sewane mung sedina. apa tumon?
Lan kabar pungkasan, media center panggonku wus ditutup, lamun Semarang Pesona Asia-ne durung rampung. Dados pripun niki? Mugi langkung sae mbenjang malih.
Langganan:
Posting Komentar (Atom)

Tidak ada komentar:
Posting Komentar